Versi Basa Jawa:
Kacariyos jaman rumiyin ing satunggaling dusun, celakipun wana wonten Mbok Rondo ingkang piyambakan. Pinuju sawijining dinten, mboten tebih saking griyanipun Mbok Rondo, wonten Kenya Ayu mlampah piyambakan kanthi luh tumetes ing waspanipun. Mbok Rondo ingkang mangertosi enggal manggihi Kenya Ayu menika.
Mbok Rondo : Nduk, bocah ayu saka ngendi asalmu??
Kenya Ayu : Griya kula tebih, mbok. Kula mboten gadhah tiyang sepuh. (pangucapipun kanthi swanten welas)
Mbok Rondo : Wis… wis… Nduk. Ora usah sedih. Melu simbok ya??
Sak menika, Kenya Ayu dados yoganipun Mbok Rondo. Mboten naming Ayu nanging Kenya kalawau remen tetulung kalih para wargo dusun. Mila kathah jejaka ingkang kesengsem, nanging naming wonten setunggal jejaka ingkang sanget dipun tresnani Kenya Ayu. Mbok Rondo inggih sampun paring pangestu dhumateng kekalihipun. Wekdal dinten pelakrama sang Kenya kaliyan jejaka dumadakan wonten kabar ingkang sumebar bilih sang Kenya Ayu sampun mboten suci.
Warga : ~ Heh, bener ta Kenya Ayu iku wis ora perawan??!
~ Aku gak nyangka lek Kenya Ayu iso koyok ngono.
~ Iyo. Opo bener yo iku?!
Amargi kabar miring kalawau, jejaka calon garwo dados mamang.
Jejaka : Apa bener kabar iki, Rayi?!
Kenya Ayu : Mboten, Kakang. Sedaya kalawau mboten leres.
Jejaka : Wenehi aku bukti yen sliramu pancen ora tumindak nerak susila.
Kenya Ayu : Menawi Kakang badhe mangertosi buktinipun, pedang menika ingkang dados saksinipun menawi mangke pedang ingkang nunjeping dada menika nyumebaraken ganda arum ategesipun raga kula mboten nate kejamah priya.
Pangucapipun sang Kenya lajeng nunjepake pedang ing dadanipun. Dumadakan sumebar ganda arum
Jejaka : Ganda apa iki? Kok saya nemen arume. Lho berarti, Diajeng!!! Besok yen ana reja-rejaning jaman, mugi sugih pengapuramu, Diajeng.
Papan panggenan sang Kenya ingkang sumebar ganda arum sak menika dados desa "Banjararum" ingkang nggadahi teges Banjar (Amba) lan Arum (Wangi).
Demikianlah sejarah dari desa Banjararum, kecamatan Rengel, kabupaten Tuban dalam versi bahasa Jawa.
Semua Tentang Ilmu Pengetahuan
Next
« Prev Post
« Prev Post
Previous
Next Post »
Next Post »
Copyright © 2014 AntiSensei Indonesia - All Rights Reserved
Template By Kuncidunia
0 Komentar untuk "Jam Pelajaran Keduapuluhsatu : Sejarah Desa Banjararum!"